www.arcocrewek.com

Arcocrewek

Jumat, 20 Desember 2013

Sepenggal cerita wong jowo suriname

Pengetan Imigrasi Jowo Tutup 115 Tahun Poro pemoco kang minulyo, Gegandhengan karo dino pengetan imigrasi Jowo kang kaping 115, ing kene aku arep nyeritakake dongengane ibuku, rikolo jaman biyen dheweke diwereg wong lanang, songko nJowo tekane negoro Suriname. Ibuku anggone nyeritakake lakone dheweke, nganti mbrebes mili, ngodag ngadeg songko jagongane, lan tangane sinambi ora dimenengake” Kiro2 telung atus seket tahun kepungkur negoro Suriname kuwi prenangsine okeh, kurang lebih ono 400 cacahe. Sing ditandur yoh werno2, koyo dene kopi, coklat, jeruk, kapuk, kayu, tebu, lsp. Sing kerjo neng prenangsi2 kuwi bongso ireng asal usule songko Afrika. Podho didadekake budak, dikonkerjo tanpo bayaran, dipiloro, nganti adus eluh kelawan getih. Kahanan koyo mengkono kuwi tekane tahun 1863, sebab wiwit tanggal siji sasi juli, kaum budak podho dibebasake kabeh, tinapi sejerone 10 tahun kudu wajib kerjo neng prenangsine dhewe2, sakiki oleh bayaran, lan ugo ora kelilan yen dipecuti maneh koyo maune. Ono punggowo songko Gupermen sing niti prikso, opo pernatan koyo mengkono kuwi tetep ditindakake dening pengarepe prenangsi2. Sakbare 10 tahun kuwi poro budak terus bebas temenan, lan podho lungo menyang ku-tho Paramaribo, utowo liyo panggonan, supoyo biso golek sandhang kelawan pangan kanti sakmesthine. Neng prenangsi2 ora ono sing kerjo rekoso maneh, lan prenangsi2 terus podho molahi bongkor. Pamrintah Londo mbanjur mboyong bongso Cino songko Macao lan Hongkong dikon kerjo neng prenangsi2 dadi petani, tapi ora podho kuwat. Ugo mboyong bongso Hindustan songko negoro India. Bongso iki biso kerjo roso lan kuwat neng prenangsi2, mulane anggone mboyongi yoh okeh banget. Suwening suwe Londo oleh cecongkrehan karo Inggris bab prekoro pamboyongan bongso Hindustan kuwi mau, sebab Inggris ing jaman semono sing menjajah negoro India. Dadine sing mrintah bongso Hindustan yoh kudune Inggris. Pramulo pamrintah Londo terus nggolek ukoro liyo maneh. Wirehdene tanah Jowo ugo kolonine Londo, mulane pamrintah Londo terus nggawe pamutusan supoyo wong Jowo songko tanah puluh Jowo, diboyongi menyang negoro Suriname, dikon kerjo neng prenangsi2 kuwi mau. Alesane ono werno loro: sepisan, negoro Suriname biso oleh kaum buruh kanggo prenangsi2, lan kaping pindho, tanah Jowo sing wis ora kamot pendhudhuke, biso kelong sethtihik. Wiwit tahun 1890 tekane tahun 1939 pamrintah Londo anggone mboyongi wong Jowo menyang Suriname ono udo koro 33.000 cacahe. Ing bulan agustus tanggal songo tahun iki (2005), bongso Jowo neng Suriname, anggone manggon wis ono 115 tahun suwene. Becik banget yen dino iku pendhak tahun dipengeti. Dhek biyen ibuku nate nyeritakake lakone dheweke, wiwit songko tanah Jowo tekane negoro Suriname. Mulane sakiki aku arep cerito cekak wae, bab dongengane ibuku iku mau. Ibuku kuwi maune kelahiran ing Boyolali cedhak wae karo Solo. Dheweke umure isih 18 tahun, dulure ono papat maneh, lan sing wadon namung loro. Rikolo jaman semono adhike dheweke lanang, sing ragil arep disunati. Dheweke dikongkon menyang pasar blonjo, bab opo kekurangane kanggo selametane. Pasare karo omahe ibuku kuwi ora adoh, dadine anggone budhal menyang pasar mung mlaku wae. Digawani dhuwit kiro2 saksampene, lan terus nggendhong tenggok digawe madhahi blanjane kuwi mau. Neng pasar ibuku kepethukan wong lanang, sing ngidak jempolane sikil kiwo. Ibuku terus makpet, ora kelingan opo2 maneh. Lali sanak kadange kabeh. Wonge lanang ngajak ibuku kerjo neng Suriname, lan saben tahun biso bali neng nJowo niliki sanak kadange. Bayarane okeh, dadine mbesuk nek bali mulih, nggowo dhuwit okeh. Ibuku terus digowo neng palabuan, dijak numpak kapal menyang Suriname suwene telung sasi. Tinapi wonge lanang iku mau, neng njero kapal ibuku ora weruh maneh. Kapale jenenge Roti nomer telu. Mesine kapal anggone jalan ora nganggo lengo, nanging nganggo setum, olehe songko stingkul (= steenkool). Stingkul iku rupane watu ireng gedhih2, tapi biso murub mengangah. Kapale kuwi liwat metu segoro jarang, terus neng njero kapal panase ora karuwan. Liwat segoro es, adheme ora karuwan, podho diwenehi celimut kanggo kemulan. Terus metu segoro umbel, banyune rupane koyo umpluk umbelen kae. Neng njero kapal mangane dirangsum roti bantal. Ugo dirangsum sego, tapi jangane ora enak. Wasi ora enak yoh dipangan wae, sangking ngelihe. Neng njero kapal kono ibuku kepethukan bapaku, terus biso gendhon rukon selawase tekane podho ninggal donyo. Tekan Suriname ibuku kelingan sanak dulure neng nJowo terus adus tangis saben dino, tapi wis laat. Neng Suriname dikon teken kontrak suwene limang tahun. Kontrak kuwi yoh opo maksude, ibuku ora ngerti mung cap jempol wae, iku wis sah. Neng kene dikon kerjo neng prenangsi sing nandur kopi. Wong2ane dikon manggon neng los-losan, lan kamare mung loro: kamar ngarep lan kamar peturon. Kamar ngarep kuwi gandheng karo papan kanggo pawone. Pekiwane lan kakuse neng papan njobo omah. Ngarepe omah ono gadrine, ing ngisore papan njero kanggo kombong pitik, lan ndhuwure keno digawe jagongan pendhak sore songko kerjo, kanggo leren sinambi leyeh2. Antarane gadri lan kamar ngarep ono cendhelane. Lawang mburi ono kancinge songko njero, lah lawang ngarep ugo keno digembok songko njobo. Gemboke gantung gawean songko wesi sing abot. Kuncine loro cacahe. Los-losan kuwi gawean songko planga tanpo cet-cetan. Payone seng, dadine nek awan neng njero omah sumuke ora nguwati. Saben dino wiwit jam pitu esuk podho budhal kerjo nggowo gembolan lan bontot. Bontote iku isine yoh sego karo sayuran sakwernane nyel, diwadhai godhong gedhang, terus njabane dibuntel karo kacu. Nek ora ngati ati bontote nek dhong dicolong karo wong mangkir. Wong mangkir kuwi wong males, sing ora gelem kerjo. Sopo sing nduwe anak, anake dideleh neng momongan dhisik, terus baru budhal kerjo. Wirehdene wite kopi kuwi dhuwur2, mulane terus nggawe ondho pring digawe meneki wite kopi. Gembolane dicangklongake pundhak terus menek ondho, kopine sing dipeki dilebokake gembolan. Mengko yen gembolane wis kebak, terus medhun maneh nyuntak kopine neng njero karung. Angger karunge wis kebak, terus diusungi neng prahu. Mengko angger prahune wis kebak, kopine digowo menyang pabrik ditimbang. Bayarane gumantung karo bobote olehe ngundhuh. Kerjo rekoso, udan panas dilakoni, tur bayarane ora mbejaji. Dino setu kerjane mung setengah hari, terus nompo gajihane. Dhuwite digawe blonjo terus wong lanang2 sukakane yoh podho neng pajak main kertu ceken, utowo main dadhu kopyok. Ugo ono sing main kertu jemeh, pantah, tepuh, lan dhadhu puter. Neng pajak kono ono warunge sing dodolan panganan Jowo koyo dene: pecel, gedhang goreng, lutis, bami, nasi goreng, lsp. Kopine sakbare dionceki terus dipepe, angger wis garing mbanjur digiling neng pabrik. Sakdurunge digiling kudu dipilihi dhisik, sing elek diguwangi. Lumrahe sing kerjo pilih kopi kuwi yoh mung wong wadon. Pabrike kuwi angker, dipanggoni dhemit-setan. Dhong2an wayah jam rolas bengi, pabrike giling dhewe, tanpo ono wong sing ngelakokake. Besare karo zindere lan wong sing jogo, terus podho tangi nggowo batterei, niliki keno opo pabrike kok giling dhewe. Tapi ora weruh opo2, mbanjur mesine dipateni. Mengko yen wis podho mungkur bali, pabrike giling dhewe maneh. Podho bingung. Let dinane terus didongani lan disajeni karo pak kaum sing pinter” Ibuku pendhak tahun wanci dino lebaran adus tangis kelingan sanak kadange sing neng nJowo. Bapaku lan ibuku yoh podho sedhi, kudu bali wae neng nJowo maneh. Tapi ora podho ngerti dalane. Sakbare kerjo neng prenangsi suwene limang tahun, terus manggon neng kebonan (santen), nggawe gubug dhewe lan nandur opo wae kanggo mangane saben dinane. Wirehdene ora biso bali neng nJowo maneh, mulane dhuwite sipi dijikuk, kanggo tuku ubo rampene gubug kuwi mau. Satus perak ing ndalem wong siji, lah ing jamane semono iku yoh wis okeh banget. Senajan wis bebas manggon neng kebonan, mekso ish kepengin mulih nJowo. Mulane rikolo ono sakwijine perkumpulan sing jarene arep ngulihake wong Jowo menyang nJowo maneh, bapaku terus dadi wargane lan saben sasi asok kontrobisi. Ketuahe omonge, ora suwe maneh podho biso mulih nJowo, podho biso tumeko neng pelatarane dhewe2. Nek bapaku arep nandur jeruk utowo klopo, tanggane omonge, lah arep mulih nJowo wae kok ditandure jeruk. Mbesuk lak ora melu mangan, mung nandurake wong liyan wae. Sebab songko iku sing ditandur mung kacang lanjaran, kacang brol, kapusein, dhelih, telo, lsp. Tanduran2 kuwi mung sing ora let suwe ngundhuhe. Yen ketua perkumpulan kuwi teko neng desaku, podho rame2 suko2, sebab ketua iku sing biso ngulihake bongso Jowo menyang nJowo maneh. Ketuahe ngomong yen Indonesia sakiki wis merdeka, dadine bongso Jowo neng Suriname kudu bali kabeh maneh. Kapale isih neng tengah segoro, rong tahun maneh bakal tumeko. Ora suwe maneh “aku akan tinggal Suriname”. Siwaku lanang ngomong karo aku: lho lak tenan, yoh lih, ketuahe kae arep ninggal negoro Suirname bali manggon neng nJowo. Mulane terus bocah2 podho nganggo sandhangan sing apik, sing resik, kanggo menghurmati bapak ketua, karo nggowo gendero abang-putih diobat abitke, podho surak2 mowo singi lagu2 sing wis diapalake, koyo dene: Kita seneng ketuaku dateng Kita seneng bendera berdiri Kita semua berkata merdeka Merah puti benderaku negeri Semua orang kita laki istri Jangan susah dan jangan sedi Masuk perjuangan paling sekti Kita semua mesthi akan pergi *** Indonesia tanah airku Hiduplah tanahku, hiduplah negeriku Tanah tumpah darahku Bangsaku rayatku semuanya Disana lah aku berdiri Bangunlah jiwanya bangunlah pandonya Menjadi pandu ibuku Untuk Indonesia Raya Indonesia kebangsaanku Indonesia Raya merdeka merdeka Bangsa dan tanah airku Tanahku negeriku yakucinta Marilah kita berseru Indonesia Raya merdeka merdeka Indonesia bersatu Hiduplah Indonesia Raya” Sakbare singi lagu2 iku terus kon singi lagu “Wilhelmus van Nassauwe” karo lagu “Suriname”s trotse stromen”. Lagu2 koyo mengkono kuwi aku ora ngerti babar blas opo maksude. Aku mung melu singi, anut grubyug ora ngerti rembug. Mengko yen wis podho singi ngono, terus bocah2 diparingi roti bolu legi sing ono manisane, karo ngombe es gosrok sak gelas, disori setrup legi sing rupane abang. Adhuuuh, enake ra karuwan. Bapak ketua nyeritakake maneh, jarene ono salah sijine golongan, sing ora setuju yen bongso Jowo mulih neng nJowo maneh. Lah golongan iki kudu ojo nganti biso mlebu neng deso kono. Sebab golongan kuwi pendhak bengi podho dlusupan nggowo sutu, terus podho nyutoni uwong2, ben podho kuwalik imane. Mulane bocah2 nek wayah bengi ojo nganti dolan dhewe. Lan desane kudu nganakake kumpulan, kanggo njogo wargane neng deso kono. Pramulo podho nggawe kumpulan Bantheng Hitam (BH). Sandhangane kathok ireng, klambi ireng, terus kudu biso baris koyo kumpeni wae, sinambi dipasangi lagu, koyo mengkene: Mari mari sama berjalan Bangsa kita mari belajar Angkat kaki terlenggan tangan Perlu mandhenger kemandonya Jangan lupa kemandonya F.A. itu nama berdiri Angkat kaki kiri kanan Sekali itu lepas tangan Bras, bres, bras, bres, kiwo, tengen, kiwo, tengen, iku suwarane kemandohe. Saben bengi desaku dijogo karo BH, dadi yoh aman temenan. BH iku nek podho baris ngono gawane yoh berang, peso, arit, roti kalung, penthung, lsp. Bapaku gawane berang buntung sing landhepe ora karuwan. Jarene kanggo ngelawan wong2 sing arep podho nyutoni kuwi mau. Nek padhang mbulan aku melu nonton wong2 BH anggone podho baris turut dalan lanti. Nek ono wong nduwe gawe tayuban, wong BH podho ngguyupi jan murub tenan. Nek ngibing gendhinge “presi” utowo “mandhung2″, utowo “cokro negoro”. Wadhuuh, tapake jangka songo, jan ora ngidap idapi temenan. Kathik ledheke Mina utowo Paidja utowo Kastinie utowo Doebroek pisan, yoh wis mathuk temenan. Kajobo BH ugo bocah2 kudu mlebu dadi wargane kumpulan PRIS. Sebab sing ngganti BH mbesuke yog bocah2 kuwi. Sandhangane kathok putih klambine putih, sepatune patah2 sing disemir putih, terus kudu biso baris koyo BH, mowo diiringi lagu, koyo mengkene: Semua PRIS harus mangerti tulis Semua PRIS orang Jawa Supaya lekas belajar baris Lekas berangkat ketanah air kita Majuki PRIS pengurus PRIS Sebab PRIS pagernya warga Jaga rayat yang ati ati Selalu jadi pembantu rayatnya Pak bapak kapan yang keturutan Di Suriname tidak kerasan Sebab terlalu banyak setan Susah sekali mencari makan Poro pemoco kang minulyo, nek neng desaku ono wong sing ora mlebu neng perkumpulane bapaku, wong kuwi dicing, dibaekot. Nek kepaten utowo nek nduwe gawe opo wae, ora diguyupi. Tapi nek bongso keling neng deso kono, podho diguyupi. Mulane terus wong2e Jowo sing neng golongane liyo kuwi, kapekso podho lungo neng liyo deso, sebab ora kerasan. Tinapi bapaku lan ibuku anggone podho ngenteni kapale iku, nganti wis podho tilar ndonyo, sakenggo sakiki (tahun 2005) durung teko2. Opo kapitene kesasar ora ngerti negoro Suriname iku papane neng ngendi, yoh” Aku nate dikandhani bapaku mengkene: lik, mbesuk nek wis tekan nJowo kowe tak duduhi gunung. Neng kono gunung akeh, gunung cendhek gunung dhuwur, ono sing cilik, ono sing gedhih, eneng sing mbledos metu genine barang. Ugo ono manuk sing jenenge Srigunting. Iku manuk sing cilik mrengil tur metune kemruyuk saben sore. Kowe bakale takgawekake layangan bapangan sing gedhih. Ragangane sing digawe iku pring apus. Ing negoro Suriname ora eneng prĂ­®§ sing apus” Tanggaku wong keling sing nandur jeruk lan klopo, ing dinane sakiki biso ngundhuhi kanggo pakaryan. Aku bungah lan gembiro yen turunane bongso Jowo, sing ing generasi loro lan telu, ing jamane sakiki biso maju lan pinter2, ono sing biso lulus songko universitas barang. Lan pangkate yoh ora nguciwani, kepandhingake karo bongso liyo sing ono Suriname. Ono sing biso dadi mentri2, ono sing dadi dutabesar lan ugo ono sing biso dadi Pangarsane DPR. Podho ora kepengin mulih nJowo koyo wong tuwane maune. Nek menyang nJowo mung vakansi thok, terus bali maneh.Wis podho ngakoni yen tanah Suriname kuwi, yoh tanah wutah dharahe dhewe, sing ugo melu mbangun lan nduweni. “Heri libi te na dede, wi sa feti ji Sranang”. Cukup semene dhisik, mbesuk ing liyo waktu tak sambung maneh, nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar