www.arcocrewek.com

Arcocrewek

Rabu, 19 Maret 2014

Sastra Jawa

//Sri Nata Dipeng ngrat Jawa / Jeng Sultan Agung Matawis / kang ngadhaton aneng Karta / ing jaman sakeh pra Mulki / ngrat Jawa Nyakrawati / Sabrang Pasisir syud / Amiril Muminina / Sayidina Panata Gami / kyatireng ngrat wus sineksen saking Ngarab// //Winenang among dirjeng ngrat / Jeng Sultan Agung Matawis / awit jaksuh tranging tingal / lir surya angkara wening / wikan pranateng gaib / sakarsanira Hyang Agung / agung parosanira / Jawa den ulet lan kadis / mardikeng ngrat mustikaning jagad// //Narendra moncol sasama / mrojol ing kerep tan wigih / pinarak ngideri jagad / tyasnya maruta jinaring mumpuni agal rempit / kridhaning ngrat wus kawengku / miguna ing aguna / wujud langgeng datan lali / rasa mulya tinrusken rasa panedya// //Kaluhuring kamulyan / ing Jawa Narendra luwih / linuwih pinrih katrekah / sakeh rinuruh ingkang sih / jumenengnya winarni / Slasa kaping sadasa / mangsane wuku Warigalit / Alip lambing Langkir kang windu Mangkara// //Taun Dal sangkalanira / marga saking tata aji / lamine kraton Narendra / tigang dasa catur warsi / surutira marengi / Jumwah Legi Sapar tengsu /  tanggal kaping dwi dasa / wuku Wukir lambing Langkir / mangsa juga anuju kang windu Tirta// //Taun Be sangkalanira / asta nem margining kang wit / Panjenenganireng Nata / kasusra ambara murti / pinandhita trus suci / mot ing kawisesan luhur / rinilan geng mangunah / linulutan gung maharsi / mestu puja sinukmarjeng gung rasika// //Angglenggahi surya candra / ambeg susanta ber budi / yangyang samodra lukita / adil ber para marta mrik / kasub tinengen bumi / walikal waliyul lahu / dibya gung wikareng ngrat / nguni prasapeng sawuri / mring sangunge pra wayah trahing Mataram// //Yekti tan ingaken darah / yen tan wignya tembang kawi / kang kawrat sandining sastra / akathah logating tulis / kang dhingin basa kawi / tata trepsileng pamuwus / tumrap ing niti praja / kasusilan trus ing ngelmi / lawan kawi kang tumrap sandining sastra// //Kayata caraka basa / dasa nama atanapi / babasan amengku rasa / rasa karep marang pamrih / myat tuduh kang mangka wit / kanga ran kawi puniku / basa kang mengku rasa / wi : lepasireng pamusthi / mungging sastra karem lepasing graita// //Tumrap  sandining puspita / karem lepasing semadi / ngesthi tableh ing pangeran / linang sukma sarira nir / tandya puspita jati / mila sagutrah Mataram / den putus olah raras / sasmita sandining kawi / jakti angger satriya mangolah sastra// //Den eta ingaran tembang / tembang kang tumameng gendhing / anut wileting wirama / manising swara dineling / kang tumrap yuda nagri / raras manising pamuwus / kandel tipising basa / non tuduh manangka kardi / nora kena ninggal rarasing suwara// //Dene kang tumrap ing sastra / renggan wiramaning gendhing / kinarya ngimpuni basa/ memanise den reksani / lamun bubrah kang gendhing / sastra ngalih rahsanipun / kang tumrap ing pradangga / swara rinaras ing rakmi / anrus kongas asmara langening akal// //Kalengkanireng swarendah / serancak pineta ngesthi / kesti wirajeng wirama / tuduh pamudyaning dasih /  sih puji kahananipun / tan lyang kang Murbeng Jagad / kang pinuji swara Aji / nyampleng ingkang gendhing / trus kahanan tunggal// //Pramila gendhing yen bubrah / gugur sembahe mring Widi / batal wisikaning salat tanpa gawe olah gendhing / den eta kang ngran gendhing / swara saking osik jati / mring Hyang Ingkang Masung sih / sih puji kahananipun / osik mulya wentaring cipta surasa// //Surasing ngiskining kajat / kajat baka ingkang kadim / pramila mangolah gendhing / sedene merdanggeng gendhing / de ana rebut manis / swara manis wileting rum / nyang nyamlengireng raras / swara nrus pinnresing ngesthi / lamun bunrah tan kamot pamujining dat// //Marma sagung trah Mataram / kinon wignya tembang kawi / jer wajib ugering gesang / ngawruhi titining ngelmi / kqang tumrap ing praja di / tembang kawi asalipun / tarlen titising sastra / nora nana kang liyan tuduh ing sastra// PUPUH II ASMARADANA //Geng branta mangusweng gendhing / satengah wong parengutan / kang ahli gendhing padudon / lawan wong kang ahli sastra / arebut kaluhuran / iku wong tuna ing ngelmu / tan ada gelem kasoran// //Sejatinya wong ngagesang / apa ingkang binasan / iku kang kinarya luhur / ……………………………. /  yekti kekandangan kibir / rebut luhuring kagunan / dadi luput sakarone// //Luhuring sastra lan gendhing / takokna kang pra ngulama / kang terus dalil kadise / kang ngarani luhur gendhingnya / pinet saking kakekat / ing ngakal witing tuwuh / ananing Hyang saking akal// //Witing osikireng jalmi / gendhing akal ing kang warna / myang swara gangsa  cengklinge / tan kahanan wujudira / muhung kayarseng karna / tumruning swara linuhung / kasampurnaning panunggal// //Mangreh nrus swareng dumadi / myang nyamlenging wirama / tuduh ing katunggalane / de sastra ingaran andap / reh kawengku ing akal / lan kawayang warganipun / sastra gumelaring jagad// //Tambuh kang yakin ing ngelmi / dene wong kang ahli sastra / ingaran luhur sastrane / layak yen mangsi lan kretas / pantes ngran luhur ing akal / ing sastra suraosipun / luhur sejatining sastra// //Padha lair pan wus kari / gamelan tan dadi tandha / kamot ing praja karyane / laying praboting Negara / lumintu prakareng kukum, sanadyanta kanthi akal// //Dudu akal wosing gendhing / akal lelungiting sastra / ngakali gendhing yektine / babaring sandining sastra / kanyataning aksara / sabab alip ingkang tuduh / mengku gaibul hupiyah// //Dat mutlak dipun arani / myang latakyun ingaranan / durung kahanan laire / maksih wang wung kewala/ iku jatining sastra / anane saestu tuduh / dupi alip wus kanyatan// //Katandhan ing roh ilapi / goning alam karajiah / iku wit ana akale / denya wit wruh ing dat mutlak / saking kono kang marga / iku kawruhana sagung / endi ingkang luhur andhap// //Dat lawan sipat upami / sayekti dhingin datira / dupi wus ana sipate / mula jamah kahanannya / awal lan akhirira / kang sipat tansah kawengku / marang dat sjatinira// //Rasa pangrasa upami / yekti dhingin rasa nira / pangrasa ing kahanane / kang cipta kalawan ripta / saestu dhingin cipta / cipta kang gendhing mangapus / kang nembah lang kang sinembah// //Yekti dhing kang pinuji / kahanane ingkang nembah / saking kodrating Hyang Manon / mapan kinarya lantaran / saestuning panembah / wiseseng Dat kang rahayu / amuji mring dhawakira// //Upamane wong nggarbini / rare aneng jro wetengan / yen during prapteng laire / during kababar akalnya / maksih gaib sadaya / tambuh estri tambuh jalu / tambuh pejah tambuh gesang// PUPUH III S A R K A R A //Sinarkara pangawikan gaib / nora liya mung Allah ingkang Sa / dupi lair sing gaibe / panggawe kang rahayu / rahayune pratameng urip / urip tekeng antaka / tangkeping ngaluhur / kaluhuraning kasidan / tan lyan uwit sarengat pranatan bumi / sastra gumelaring jagad// //Mungguh hakekat kawruh ingesthi / ngijen-ijen trusing kasampurnan / hakekat wus nunggalake / makripat trusing kalbu / jalma ingkang ngluhuraken gendhing / pangesthining jro tekad / cangkring tuwuh bendhung / tegese bapa lan anak / dhingin anak bapa ginawe ing siwi / mendah yen mangkonoa// //Sayektine jagad tan dumadi / sabab kadim kadhinginan anyar / kasungsang iku dadine / nadyan kang ngarani luhur / gendhing temah tan dadi bayi / pesthi tetep kewala / nangis ki kayatun / lawan lapal ya bubana / wujud olah amengku dusul ngalamin / tuhu gumelaring jagad// //Pratandhane wujuding Hyang Widi / tuduh kinen puji kang kinarya / sastra lip endi jatine / kadya gigiring punglu / tanpa cucuk tan ngarsa wuri / tan gatra tan satmata / tan arah gon dunung / nora akir nora awal / datan pestha aprak kadya anrambahi / nging wajib ananira// //De kakekat asalireng gendhing / wus kanyatan ngelmuning Pamngeran / mungging pangrasa tuduhe / angler raseng kemumu / kang pramana anersandhani / tuhu tunggal pinangka / kajaten satuhu / saworing rasa pangrasa / pilih kawruhanan inganakken yekti / awimbuh kawimbuhan// //Amemuji tan pegat pinuji / yen tan pegat pinuji / yen ta aja urip aneng dunya / tan mbuh yen luhur gendinge / reh tan ana winuwus / kayun maksih kauban langit / sinangga ing bantala / mijil saking banyu / dadine sawabing bapa / yekti tetep luhur sajatining alip / lawan jatining akal// //Upamine wong jalu lan estri / jroning resmi nikmati samya / pracihna iku jatinbe / tuhu-tuhuning kawruh / ing pawore anyar lan kadim / ya lawan sipatira / sastra gendhingipun / kang rasa lawan pangrasa / estri priya pawore kapurna ing ning / atetep tinetepan// //Mula jamah loro\loro tunggil / tunggal rasa raseng kiwisesan / nging lamun dadi tuwuhe / pan wajib priyanipun / dadi akal kapurba alip / lir warna jro paesan / ya upaminipun / kang ngilo jatining sastra / wewayangan gendhing sirnanireng cermin / manjing jatining sastra// //Lir kemandhang lan swara upami / kang kemandhang gendhing ngibaratnya / sastra upama swarane / angler kemandhang mbarung / wangsul marang swara umanjing / lir mina jro samudra / mina gendingipun / sastra upama hudaya / mina yekti anane saking jaladri / myang kauripanira// //Pejahing mina saking jaladri / jro sagara pasthi isi mina / tan kena pisah karone / malih ngibaratipun / lir niyaga anabuh gendhing / niyaga pama sastra / gendhing gendhingipun/ barang reh purba niyaga / de niyaga amanut purbaning gendhing / panjang yen winursita// PUPUH IV P A N G K U R //Kawuri pangesthining Hyang / tuduhira sastra kalawan gendhing / sokur yen wus sami rujuk / nadyan aksara Jawa / datan kari saking gendhing asalipun / gendhing wit purbaning kala / kadya kang wus kocap ngarsi// //Kadya sastra kalih dasa / wit pangestu tuduh kareping pujhi / puji asaling tumuwuh / merit sing akadiyat / ponang : ha na ca ra ka : pituduhipun : dene kang : da ta saw a la / kagentyan ingkang pinuji// //Wadat jati kang rinasan / ponang : pa dha jay a nya : / angyekteni / kang tuduh lan kang tinuduh / padha santosaniira / wahanane / wachadiyat pambilipun / dene kang ma gab a tha nga / wus kanyatan jatining sir// //Pratandhane Manikmaya / wus kanyatan kawruh arah sayekti / iku wus airing tuduh / Manikmaya antaya / kumpuling tyas alam arwah pambilipun / iku witing ana akal / akire Hyang Maha Manik// //Awal Hyang Manikmaya / gaibe tan kena winoring tulis / tan arah gon tanpa dunung / tan pesthi akir awal / manembahing manuksmeng rasa pandulu / tajem lir hudaya retna / trus wening datanpa tepi// //Iku telenging paningal / suerasane kang sastra kalih desi / lan merit sipat kahananing Dat / ponang akal during ana ananipun / kababaring gendhing akal / Manikmaya wus kang ngelmi// //Awiyar ripta pangrasa / Sang Nurcahya Nurasa wus kawuri / gumantyaning Sang Hyang Guru / nyata ngran caturbudya / winayeng Dat guru retuning tumuwuh / awale Hyang Manimaya / tumulya Kaneka Resei// //Sepuh minangka taruna / kang taruna minangka kang nyepuhi / pranyina cleaning kawruh / kahananing wisesa / pinresing Dat wus kanyata Sang Hyang Wisnu / winenang kamot nugraha / mangreh budyarjeng dumadi// //Dene watak nawasanga / wus kanyatan gumlaring bumi langit / iku kawruhanan agung / endi kang luhur andhap / upamane papan lawan tulisipun / kanyatahaning panembah / kalawan ingkang pinuji// //Papan moting kawisesan / Manikmaya purbane papan wening / tulise mangsi Hyang Guru / sastra upama papan / gending akal upama mangsi wus dhawuh / yen dhingina mangsinira / ngendi nggone tibeng tulis//  //Sayekti dhingin kang papan / kang anebut papan saking ing tulis / lan malih upamanipun / dhalang kalawan wayang / dhalang sastra wayang akal jatinipun / yekti dhingin dhalangira / kang murbeng sakehing ringgit// //Lir patine Resi Bisma / duk pinanah dening Wara Srikandhi / watgatanira tinundhung / mring panah Sang Arjuna / gendhing akal ngibarat Srikandhi kang hru / sastra ngibarat kang capa / Sang Parta  titising lungit// //Kayana Narendra Kresna / lawan Sang Hyang Batara Wisnumurti / iku ngibarat satuhu / karo-karone tunggal / tunggal rasa cipta urip pan wus campur / Sang Wisnu ngibarat sastra / Sri Kresna upama gendhing// //Horeg rug kambah barubah / lir Bathara Kalarsa badhog bumi / Sri Kresna datan kadulu / wus niring kamanungsan / kaprabawan wikramanira Hyang Wisnu / nanging datan saben dina / denyambeg wikrama werdi// //Yekti naggo kala masa / yen manggunga wikrama nora dadi / pasthi brastha tan kawuwus / tan ana ngarcapada / satemahe jagad palastha linebur / dening krodhaning Bathara / tan pedah gumlaring bumi// //Sang Wisnu nuksmeng Sro Lresna gung dumadi / mayu rahayu tumuwuh / anjaga jejeging ngrat / Prabu Kresna sapangreh nuksmeng ngaluhur / wasesa panciptanira / nyipta trus manuksmeng gaib// PUPUH V D U R M A //Durmaning kang ngluhuraken gendhing lan akal / pangesthinireng tokit / Hyang Wisnu lan Kresna / muhung Wisnu lan Kresna / muhung Wisnu Kewala / Sri Kresna datan kaliling / nadyan lebura / kang jagad tan marduliu// //Yen meksiya nyipta loro-loronira / yekti guguring ngesthi / temah tundha bema / araning Hyang Wisesa / sungsun-sungsun kalih-kalih / lan malihira / siyang kahanan yekti// //Wong lumaku wus prapteng gon kang sinedya / ndadak abali maning / temah moro cipta / tau renggeng gupita / tambuh kang yakining ngesthi /sajatinira / ujar den wolak-walik// //Awit dene asamar kahananing Hyang / remit sungil tan sipi / gaib tan wus kena / lamun kinaya ngapa / elok tan kena pinikir / wenanging tingkah / tan lyan harjeng ngesthi// //Esthiningtyas samya awas kawisikan / dene wong kang ngarani / luhur sastranira / tangeh lamun nyiptaa / sungsun-sungsun kalih-kalih / nora mangkana / pangesthinireng tokit// //Ana iku marganira saking ora / ora sing ana yekti / raseng ana ora / mantep Dating Wisesa / iku jatining sastra di / tan lawan-lawan / tan sungsun kalih-kalih// //Dene ingaran mableni mentahing lampah / iku mokal sayekti / tan mangkono lirnya / reh mesthinira ana / amot suksma glaring bumi / tinrus ing puja / mujarja dhiri wening// //Kawenangan manuhara aruming ngrat / trusing ngakal kalingling / nglanguting kalengkan / wali lungiting alam / ngenglenging ngalam / nglela anyar kalingling// //Marma ngelmu mulet patraping sarengat / maharjaning dumadi / dadya trus rumangsa / tinuduh trus utama / tumameng cipta pamuji / lamun meksiha / salah ciptaning ngesti// //Satemahe Sri Kresna pan during mulya / ingaran Harimurti / sarira Bathara / tan kewran salirira / kasumbaganing pamusthi / reh ngari loka / madyapada kalingling// //Pan wus dene pra nabi kang musna lena / tuwin kang para Wali / myang para Suhada / pra Iman kang minulya / kang rorijalla inganhi / kamg tuk nugraha / tan seda saben ari// //Yen sedaa pra Nabi salaminira / tan kocap aneng wuri / nadyan kang triloka / sayekti tan dumadya / dennya umangsah semedi / pan kala-kala / tebir lan aprang sabil// //Saben dina tan pegat racketing sukma / tan kewran denira mrih / pangesthining cipta / kaya lapal kang kocap / iya kayun pidareni / murading lapal / uriping desa kalih// //Desa lair desa batin wus kawangwang / sumbaganing musthi / harjaseng sucipta / trusing kayat wisesa / sarambut datan salisir / lan kawruhana / sagung kang rebut piker// //Eling ingkang samya ngudi nalar / away nganti nemahi / kerojoging tekad / tuduh ugering gesang / sayekti ambebayani / rungsiting gawat / watgateng trang ing urip// //Lawan aja asring padudon ing karsa / iku siriking ngelmi / yen during kaduga / luwung kendel kewala / nanging misilna tumuli / marang ngulama / myang para sujaneng ngelmi// //Salah siji jatining gendhing lan sastra / tuwa nome kang pundi / iku takokena / aywa was kaya-kaya / den trus lan saraking Nabi / dipun pracaya / nglakoni gama suci// //Titi tamat srat Sastrasandipradangga / kawrat esthining galih / puniku klimahnya / alime kang niyaga / wruh gangsa swara lan uning / myang aranira / gumlar sawiji-wiji

1 komentar:

  1. KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.الالله صلى الله عليه وسلموعليكوتهله صلى الل

    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.الالله صلى الله عليه وسلموعليكوتهله صلى الل


    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.الالله صلى الله عليه وسلموعليكوتهله صلى الل


    BalasHapus