www.arcocrewek.com

Arcocrewek

Selasa, 18 Maret 2014

Jagad KEJAWEN

Sampun kawiyak warananing jagad Datan maleh hawujud pralampita sakawit Datan saget kadunungaken ing budi pra kawulo Sabab handulu kahanan kamot ing sanepan Pramila kawedar soho kagunggung sampun Sadya kahanan dumadi kawiwitan padjajaran bumi Kasaput bramantyaning Sang hyang hanantobogo Mesu brata sampun badar ing pasepening pratapan Kadulu ing katebihan tindaknyo sang noto hanitih estitama Katemah taksih karsa sesinglon rupa hambawur kawulo Bumi loka taksih kebak ing waspa Tanah djawi kalimput ing prahara Lamun sadya piwulang luhur pra wasis datan kapidangetaken Ajaran suci pra wiku lan ulama datan kaprungu sampun Ujaring si gaplok sabdane pra wiku lan ulama Datan maleh kuwawa hambasuh budi candolo Ambeg angkoro datan saget kagondoli Duh, jagat kuwasaning Gusti Pra dasih kadya selo brakiti hamawur tetangisan Katyoso saget kaprungu ing monco Lumarap ing waspa hanyaput sadya tentreming manah pra dasih Ing wetan brang pernahe Lumarap tapel wates gelang lan kuriphan Bumi blumbangan bakale katrajang ing mayangkara Nusa kembini bakalan hanglangut ing sepi Rinakut dening agni soko yomani Pra taruna gyo rangkut tumandang Gugur gunung gyo sabiyantu Lamun welas adedasar asih tanpa pamrih Tumuju ing prasetyoning karahayoning bawono Pralampita kasebat sampun, tutuping warso gyo kinanti Gunggunging layon datan kapetung Wusana kinaryo tumbal gyo Hyang Batara Kala Sinengker sampun lakuning jagad kadulu Datan sadengah titah gyo purna mratelakaken kang dumugi Lamun datan titah pujangkara kasihing Gusti Mesti bakal katalumpen soho kasiku hamedar sasmitaning alam sunyaluri kasebat sastra jendra hayuningrat Lamun taksih karsa ing pepemut Lamun taksih eling ing pepeling Lamun taksih setyotuhu mring piwulanging werda suci Lamun taksih kadunungan cahyaning Gusti Mrih rahayu ing tindak dumugi Tansah emut sasmitaning kang simandi Tutup babagan hawa sanga mesu budi olah semedi Tansah manuwun pangayoman saking Gusti Tansah waspada mring lakuning tirta ubaling agni angkara Laju kiprahipun bayu bakale Gyo hamikut bebanten dumugi Wadya bala bregasakan gyo kembul bujana handra wina Handulu waspa soho panandaning pra kawulo Wong tua kang kecalan atmojo Kanoman podo  liwung kapengat dening asmara Rerantaning bocah kang katilar wong tuwo dadi kunarpo Eling den eling……. Gelar sepapan barisaning pra lampor hambrakut kidul pernahe Padjajaran bumi pinangko pambukaning pepemut Tutuping warso pinangka madyaning lampah nampi pacobi Lamun taksih kadunungan daya iman sejati bakale adoh ing bilahi Tapel wates gelang, kuriphan lumeret wetan bumi Blumbangan Jinangka Nusa Kembini bakale kapiran ing bilahi Bumi Klungkung manggih rahayu Kalis ing rubedo, kalis ing bebendu Wusananing oncating Sang kala, Katitik ing pucuking Sapta renggo Sang Nata gyo jumangkah, Nungkulaken kyai sidem kayom Pinayungan  songgsong tunggul naga, Kaderekaken sang Ismoyo Gyo luwar sadya panandhang, Oncat kapracondang pra wadya begasaan Gyo sumingkir podo tinggal glanggang Kasoran pamoring sang nata Bumi djawi rahayu kinanti ing dumugi Lamun katumbalan iklhas ing budi Gyo bali minturut dawuh Soho piwulang ing werda suci Sakawit sadya puniko Hamung kinaryo hangunduh wohing pakarti Tansah ngunjuk syukur mring Ilahi Saperlu rahayu awak mami Sabab tanpo rowang sanak kadang bakale ngrewangi Manowo taksih nandang pacobi Hamung Iman soho setyo ing janji Mring dawuhing guru sejati bakale bisa Wujudake manunggaling kawula Gusti Inggih puniko margi ingkang bakale nyentosani

1 komentar:

  1. KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.الالله صلى الله عليه وسلموعليكوتهله صلى الل

    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.الالله صلى الله عليه وسلموعليكوتهله صلى الل


    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.الالله صلى الله عليه وسلموعليكوتهله صلى الل


    BalasHapus