GĂȘnti kang cinarita, tindake Sunan kalijaga ĂȘnggone ngupaya Sang Prabu Brawijaya, mung didherekake sakabat loro lakune kĂȘlunta-lunta, sabĂȘn desa diampiri, saka ĂȘnggone ngupaya warta. Lampahe Sunan Kalijaga turut pasisir wetan, sing kalangkungan tindake Sang Prabu Brawijaya.
Lampahe Sang Prabu Brawijaya wis tĂȘkan ing Blambangan, sarehne wis kraos sayah banjur kendĂȘl ana sapinggiring beji. Ing wĂȘktu iku panggalihe Sang Prabu pĂȘtĂȘng bangĂȘt, dene sing marak ana ngarsane mung kĂȘkasih loro, iya iku Nayagenggong lan Sabdapalon, abdi loro mau tansah gĂȘguyon, lan padha mikir kahaning lĂȘlakon kang mĂȘntas dilakoni, ora antara suwe kĂȘsaru sowanne Sunan Kalijaga, banjur ngabĂȘkti sumungkĂȘm padane Sang Prabu.
Sang Prabu banjur ndangu marang Sunan Kalijaga: “Sahid! kowe tĂȘka ana apa? Apa prĂȘlune nututi aku?”
Sunan Kalijaga matur: “Sowan kula punika kautus putra paduka, madosi panjĂȘnĂȘngan paduka, kapanggiha wontĂȘn ing pundi-pundi, sĂȘmbah sungkĂȘmipun konjuka ing pada paduka Aji, nuwun pangaksama sadaya kasisipanipun, dene ngantos kamipurun ngrĂȘbat kaprabon paduka Nata, awit saking kalimputing manah mudha punggung, botĂȘn sumĂȘrĂȘp tata krami, sangĂȘt kapenginipun mĂȘngku praja angreh wadyabala, sineba ing para bupati. Samangke putra paduka rumaos ing kalĂȘpatanipun, dene darbe bapa Ratu Agung ingkang anyĂȘngkakakĂȘn saking ngandhap aparing darajat Adipati ing DĂȘmak, tangeh malĂȘsa ing sih paduka Nata, ing mangke putra paduka emut, bilih panjĂȘnĂȘngan paduka linggar saking praja botĂȘn kantĂȘnan dunungipun, punika putra paduka rumaos yen mĂȘsthi manggih dĂȘdukaning Pangeran. Mila kawula dinuta madosi panjĂȘnĂȘngan paduka, kapanggiha wontĂȘn ing pundi-pundi ingaturan kondur rawuh ing Majapahit, tĂȘtĂȘpa kados ingkang wau-wau, mĂȘngku wadya sineba para punggawa, aweta dados jĂȘjimat pinundhi-pundhi para putra wayah buyut miwah para santana, kinurmatan sinuwunan idi wilujĂȘngipun wontĂȘn ing bumi. Manawi paduka kondur, putra paduka pasrah kaprabon paduka Nata, putra paduka nyaosakĂȘn pĂȘjah gĂȘsang, yen kaparĂȘng saking karsa paduka, namung nyuwun pangaksama paduka, sadayaning kalĂȘpatanipun, lan nyuwun pangkatipun lami dados Adipati ing DĂȘmak, tĂȘtĂȘpa kados ingkang sampun. Dene yen panjĂȘnĂȘngan paduka botĂȘn karsa ngasta kaprabon Nata, sinaosan kadhaton wontĂȘn ing rĂȘdi, ing pundi sasĂȘnĂȘnging panggalih paduka, ing rĂȘdi ingkang karsakakĂȘn badhe dipundhĂȘpoki, putra paduka nyaosi busana lan dhahar paduka, nanging nyuwun pusaka Karaton ing tanah Jawa, dipunsuwun ingkang rila tĂȘrusing panggalih”.
Sang Prabu Brawijaya ngandika: “Ingsun-rungu aturira, Sahid! nanging ora ingsun-gatekake, karana ingsun wis kapok rĂȘmbugan karo santri padha nganggo mata pitu, padha mata lapisan kabeh, mula blero pandulune, mawas ing ngarĂȘp nanging jĂȘbul anjĂȘnggung ing buri, rĂȘmbuge mung manis ana ing lambe, batine angandhut pasir kinapyukake ing mata, murih picĂȘka mataku siji. Sakawit ingsun bĂȘciki, walĂȘse kaya kĂȘnyung buntut, apa ta salah-ingsun, tĂȘka rinusak tanpa prakara, tinggal tata adat caraning manusa, mukul pĂȘrang tanpa panantang, iku apa nganggo tataning babi, dadi dudu tataning manusa kang utama”.
Sunan Kalijaga barĂȘng ngrungu pangandikane Sang Prabu rumasa ing kaluputane ĂȘnggone melu mbĂȘdhah karaton Majapahit, ing batin bangĂȘt panalangsane, dene kadudon kang wis kĂȘbanjur, mula banjur ngrĂȘrĂȘpa, ature: “Inggih saduka-duka paduka ingkang dhumawa dhatĂȘng putra wayah, mugi dadosa jimat paripih, kacancang pucuking rema, kapĂȘtĂȘk wontĂȘn ing ĂȘmbun, mandar amĂȘwahana cahya nurbuwat ingkang wĂȘning, rahayunipun para putra wayah sadaya. Sarehning sampun kalĂȘpatan, punapa malih ingkang sinuwun malih, kajawi namung pangapuntĂȘn paduka. wangsul karsa paduka karsa tindak dhatĂȘng pundi?”
Sang Prabu Brawijaya ngandika: “Saiki karsaningsun arsa tindak mĂȘnyang Bali, kĂȘtĂȘmu karo yayi Prabu Dewa agung ing KĂȘlungkung, arsa ingsun-wartani pratingkahe si Patah, sikara wong tuwa kang tanpa dosa, lan arsa ingsun-kon nimbali para Raja kanan kering tanah jawa, samĂȘkta sakapraboning pĂȘrang, lan Adipati Palembang sun-wehi wĂȘruh, yen anake karo pisan satĂȘkane tanah Jawa sun-angkat dadi Bupati, nanging ora wĂȘruh ing dalan, banjur wani mungsuh bapa Ratu, sun-jaluk lilane anake arĂȘp ingsun pateni, sabab murtat wani ing bapa kapindhone Ratu, lan ingsun arsa angsung wikan marang Hongte ing Cina, yen putrane wis patutan karo ingsun mĂȘtu lanang siji, ananging ora wĂȘruh ing dalan, wani mungsuh bapa ratu, iya ingsun-jaluk lilane, yen putune arsa ingsun-pateni, ingsun njaluk biyantu prajurit Cina, samĂȘkta sakapraboning pĂȘrang, njujuga nagari Bali. Yen wis samĂȘkta sawadya prajurit, sarta padha eling marang lĂȘlabĂȘtan kabĂȘcikaningsun, lan duwe wĂȘlas marang wong wungkuk kaki-kaki, yĂȘkti padha tĂȘka ing Bali sagĂȘgamaning pĂȘrang, sun-jak marang tanah Jawa angrĂȘbut kapraboningsun, iya sanadyan pĂȘrang gĂȘdhe gĂȘgĂȘmpuran amungsuh anak, ingsun ora isin, awit ingsun ora ngawiti ala, aninggal carane wong agung.”
Sunan Kalijaga ngrungu dhawuhe Sang Prabu kang mangkono iku ing sanalika mung dhĂȘlĂȘg-dhĂȘlĂȘg, ngandika sajroning ati: “Tan cidra karo dhawuhe Nyai AgĂȘng Ngampelgadhing, yen eyang wungkuk isih mbrĂȘgagah nggagahi nagara, ora nyawang wujuding dhiri, kulit kisut gĂȘgĂȘr wungkuk. Lamun iki ngantiya nyabrang marang Bali, ora wurung bakal ana pĂȘrang gĂȘdhe tur wadya ing DĂȘmak masa mĂȘnanga, amarga katindhihan luput, mungsuh ratu pindho bapa, kaping tĂȘlune kang mbĂȘciki, wis mĂȘsthi bae wong Jawa kang durung Islam yĂȘkti asih marang Ratu tuwa, angantĂȘp tangkĂȘping jurit, mĂȘsthi asor wong Islam tumpĂȘs ing pĂȘpĂȘrangan.”
Wusana Sunan Kalijaga matur alon: “Dhuh pukulun JĂȘng Sang Prabu! saupami paduka lajĂȘngna rawuh ing bali, nimbali para Raja, saestu badhe pĂȘrang gĂȘgĂȘmpuran, punapa botĂȘn ngeman risakipun nagari Jawi, sampun tamtu putra paduka ingkang badhe nĂȘmahi kasoran, panjĂȘnĂȘngan paduka jumĂȘnĂȘng Nata botĂȘn lami lajĂȘng surud, kaprabon Jawi kaliya ing sanes darah paduka Nata, saupami kados dene sĂȘgawon rĂȘbatan bathang, ingkang kĂȘrah tulus kĂȘrah tĂȘtumpĂȘsan sami pĂȘjah sadaya daging lan manah kathĂȘda ing sĂȘgawon sanesipun”.
Sang prabu Brawijaya ngandika: “Mungguh kang mangkono iki luwih-luwih karsane Dewa Kang Linuwih, ingsun iki Ratu Binathara, nĂȘtĂȘpi mripat siji, ora nganggo mata loro, mung siji marang bĂȘnĂȘr paningalku, kang miturut adat pranatane para lĂȘluhur. Saupama si Patah ngrasa duwe bapa ingsun, kĂȘpengin dadi Ratu, disuwun krananing bĂȘcik, karaton ing tanah Jawa, iya sun-paringake krana bĂȘcik, ingsun wis kaki-kaki, wis warĂȘg jumĂȘnĂȘng Ratu, nrima dadi pandhita, pitĂȘkur ana ing gunung. Balik samĂȘngko si Patah siya mring sun, mĂȘsthine-ingsun iya ora lila ing tanah Jawa diratoni, luwih karsaning Jawata Gung, pamintane marang para titah ing wuri.”
Sunan Kalijaga barĂȘng mirĂȘng pangandikane Sang Prabu, rumasa ora kaconggah ngaturi, mula banjur nyungkĂȘmi pada, sarta banjur nyaosake cundrike karo matur, yen Sang Prabu ora karsa nglampahi kaya ature Sunan Kalijaga, Sunan Kalijaga nyuwun supaya dipateni bae, amarga lingsĂȘm manawa mĂȘruhi lĂȘlakon kang saru.
Sang Prabu nguningani patrape Sunan kalijaga kang mangkono mau, panggalihe kanggĂȘg, mula nganti suwe ora ngandika tansah tĂȘbah jaja karo nĂȘnggak waspa, sĂȘrĂȘt pangandikane: “Sahid! linggiha dhisik, tak-pikire sing bĂȘcik, tak-timbange aturmu, bĂȘnĂȘr lan lupute, tĂȘmĂȘn lan gorohe, amarga aku kuwatir yen aturmu iku goroh kabeh. Sumurupa Sahid! saupama aku kondur marang Majapahit, si Patah seba mĂȘnyang aku, gĂȘthinge ora bisa mari, amarga duwe bapa Buddha kawak kapir kupur, liya dina lali, aku banjur dicĂȘkĂȘl dibiri, dikon tunggu lawang pungkuran, esuk sore diprĂȘdi sĂȘmbahyang, yen ora ngrĂȘti banjur diguyang ana ing blumbang dikosoki alang-alang garing.”
Sang Prabu mbanjurake pangandikane marang Sunan Kalijaga: “Mara pikirĂȘn, Sahid! saiba susahing atiku, wong wis tuwa, nyĂȘkrukuk, kok dikum ing banyu”.
Sunan Kalijaga gumujĂȘng karo matur: “Mokal manawi makatĂȘn, benjing kula ingkang tanggĂȘl, botĂȘn-botĂȘnipun manawi putra paduka badhe siya-siya dhatĂȘng panjĂȘnĂȘngan paduka, dene bab agami namung kasarah sakarsa paduka, namung langkung utami manawi panjĂȘnĂȘngan paduka karsa gantos sarak rasul, lajĂȘng nyĂȘbut asmaning Allah, manawi botĂȘn karsa punika botĂȘn dados punapa, tiyang namung bab agami, pikĂȘkahipun tiyang Islam punika sahadat, sanadyan salat dhingklak-dhingkluk manawi dereng mangrĂȘtos sahadat punika inggih tĂȘtĂȘp nama kapir”.
Sang Prabu ngandika: “Sahadat iku kaya apa, aku kok durung ngrĂȘti, coba ucapna tak-rungokne”.
Sunan kalijaga banjur ngucapake sahadat: ashadu ala ilaha ila’llah, wa ashadu anna Mukhammadar-Rasulu’llah, tĂȘgĂȘsipun: Ingsung anĂȘkseni, ora ana Pangeran kang sajati, amung Allah, lan anĂȘkseni, KangjĂȘng Nabi Mukhammad iku utusane Allah”.
Ature Sunan Kalijaga marang Sang Prabu: “Tiyang nĂȘmbah dhatĂȘng arah kemawon, botĂȘn sumĂȘrĂȘp wujud tĂȘgĂȘsipun, punika tĂȘtĂȘp kapiripun, lan malih sintĂȘn tiyang ingkang nĂȘmbah puji ingkang sipat wujud warni, punika nĂȘmbah brahala namanipun, mila tiyang punika prĂȘlu mangrĂȘtos dhatĂȘng lair lan batosipun. Tiyang ngucap punika kĂȘdah sumĂȘrĂȘp dhatĂȘng ingkang dipunucapakĂȘn, dene tĂȘgĂȘsipun Nabi Mukhammad Rasula’llah: Mukhammad punika makam kuburan, dados badanipun tiyang punika kuburipun rasa sakalir, muji badanipun piyambak, botĂȘn muji Mukhammad ing ‘Arab, raganipun manusa punika wĂȘwayanganing Dzating Pangeran, wujud makam kubur rasa, Rasul rasa kang nusuli, rasa pangan manjing lesan, Rasule minggah swarga, lu’llah, luluh dados ĂȘndhut, kasĂȘbut Rasulu’llah punika rasa ala ganda salah, riningkĂȘs dados satunggal Mukhammad Rasula’llah, kang dhingin wĂȘruh badan, kaping kalih wĂȘruh ing tĂȘdhi, wajibipun manusa mangeran rasa, rasa lan tĂȘdhi dados nyĂȘbut Mukhammad rasulu’llah, mila sĂȘmbahyang mungĂȘl “uzali” punika tĂȘgĂȘsipun nyumĂȘrĂȘpi asalipun. Dene raganipun manusa punika asalipun saking roh idlafi, rohipun Mukhammad Rasul, tĂȘgĂȘsipun Rasul rasa, wijile rasaning urip, mĂȘdal saking badan kang mĂȘnga, lantaran ashadualla, manawi botĂȘn mĂȘngrĂȘtos tĂȘgĂȘsipun sahadat, botĂȘn sumĂȘrĂȘp rukun Islam, botĂȘn mangrĂȘtos purwaning dumados”.
Sunan kalijaga ature akeh-akeh, nganti Prabu Brawijaya karsa santun agama Islam, sawise banjur mundhut paras marang Sunan Kalijaga nanging remane ora tĂȘdhas digunting, mulane Sunan Kalijaga banjur matur, Sang Prabu diaturi Islam lair batos, amarga yen mung lair bae, remane ora tĂȘdhas digunting. Sang Prabu banjur ngandika yen wis lair batos, mulane kĂȘna diparasi.
Sang Prabu sawise paras banjur ngandika marang Sabdapalon lan Nayagenggong: “Kowe karo pisan tak-tuturi, wiwit dina iki aku ninggal agama Buddha, ngrasuk agama Islam, banjur nyĂȘbut asmaning Allah Kang Sajati. Saka karsaku, kowe sakarone tak-ajak salin agama Rasul tinggal agama Buddha”.
Sabdapalon ature sĂȘndhu: “Kula niki Ratu Dhang Hyang sing rumĂȘksa tanah Jawa. SintĂȘn ingkang jumĂȘnĂȘng Nata, dados momongan kula. Wiwit saking lĂȘluhur paduka rumiyin, Sang Wiku Manumanasa, SakutrĂȘm lan Bambang Sakri, run-tumurun ngantos dumugi sapriki, kula momong pikukuh lajĂȘr Jawi, kula manawi tilĂȘm ngantos 200 taun, sadangunipun kula tilĂȘm tamtu wontĂȘn pĂȘpĂȘrangan sadherek mĂȘngsah sami sadherek, ingkang nakal sami nĂȘdha jalma, sami nĂȘdha bangsanipun piyambak, dumugi sapriki umur-kula sampun 2000 langkung 3 taun, momong lajĂȘr Jawi, botĂȘn wontĂȘn ingkang ewah agamanipun, nĂȘtĂȘpi wiwit sapisan ngestokakĂȘn agami Buddha. SawĂȘg paduka ingkang karsa nilar pikukuh luhur Jawi. Jawi tĂȘgĂȘsipun ngrĂȘti, tĂȘka narimah nama Jawan, rĂȘmĂȘn manut nunut-nunut, pamrihipun damĂȘl kapiran muksa paduka mbenjing.”
Sabdane Wiku tama sinauran gĂȘtĂȘr-patĂȘr.
Sang Prabu Brawijaya sinĂȘmonan dening Jawata, ĂȘnggone karsa mlĂȘbĂȘt agama Rasul, iya iku rĂȘrupan kahanan ing dunya ditambahi warna tĂȘlu: 1: aran sukĂȘt Jawan, 2: pari Randanunut, lan 3: pari Mriyi.
Sang Prabu andangu maneh: “Kapriye kang padha dadi kĂȘkĂȘncĂȘnganmu, apa gĂȘlĂȘm apa ora ninggal agama Buddha, salin agama Rasul, nyĂȘbut Nabi Mukhammad Rasula’llah panutaning para Nabi, lan nyĂȘbut asmaning Allah Kang Sajati?”
Sabdapalon ature sĂȘndhu: “Paduka mlĂȘbĂȘt piyambak, kula botĂȘn tĂȘgĂȘl ningali watak siya, kados tiyang ‘Arab. Siya punika tĂȘgĂȘsipun ngukum, tur siya dhatĂȘng raga, manawi kula santun agami, saestu damĂȘl kapiran kamuksan-kula, ing benjing, dene ingkang mastani mulya punika rak tiyang ‘Arab sarta tiyang Islam sadaya, anggenipun ngalĂȘm badanipun piyambak. Manawi kula, mastani botĂȘn urus, ngalĂȘm saening tangga, ngapĂȘsakĂȘn badanipun piyambak, kula rĂȘmĂȘn agami lami, nyĂȘbut Dewa Ingkang Linangkung.
Jagad punika raganipun Dewa ingkang asipat budi lan hawa, sampun dados wajibipun manusa punika manut dhatĂȘng eling budi karĂȘpan, dados botĂȘn ngapirani, manawi nyĂȘbut Nabi Mukhammad Rasulu’llah, tĂȘgĂȘse Mukhammad niku makaman kubur, kubure rasa kang salah, namung mangeran rasa wadhag wadhahing ĂȘndhut, namung tansah nĂȘdha eca, botĂȘn ngengĂȘti bilahinipun ing wingking, mila nami Mukhammad inggih makaman kuburan sakalir, roh idlafi tĂȘgĂȘsipun lapisan, manawi sampun risak wangsul dhatĂȘng asalipun malih. Wangsul Prabu Brawijaya lajĂȘng manggen wontĂȘn pundi. Adam punika muntĂȘl kaliyan Hyang Brahim, tĂȘgĂȘsipun kĂȘbrahen nalika gĂȘsangipun, botĂȘn manggih raos ingkang saestu, nanging tangining raos wujud badan, dipunwastani Mukhammadun, makaman kuburing rasa, jasanipun budi, dados sipatipun tiyang lan raos. Manawi dipunpundhut ingkang Mahakuwasa, sarira paduka sipate tiyang wujud dados, punika dadosipun piyambak, lantaranipun ngabĂȘn awon, bapa biyung botĂȘn damĂȘl, mila dipunwastani anak, wontĂȘnipun wujud piyambak, dadosipun saking gaib samar, saking karsaning Latawalhujwa, ingkang nglimputi wujud, wujudipun piyambak, risak-risakipun piyambak, manawi dipunpundhut dening Ingkang Maha Kuwasa, namung kantun rumaos lan pangraos ingkang paduka-bĂȘkta dhatĂȘng pundi kemawon, manawi dados dhĂȘmit ingkang tĂȘngga siti, makatĂȘn punika ingkang nistha, namung prĂȘlu nĂȘnggani daging bacin ingkang sampun luluh dados siti, makatĂȘn wau tĂȘtĂȘp botĂȘn wontĂȘn prĂȘlunipun. Ingkang makatĂȘn punika amargi namung saking kirang budi kawruhipun, kala gĂȘsangipun dereng nĂȘdha woh wit kawruh lan woh wit budi, nrimah pĂȘjah dados setan, nĂȘdha siti ngajĂȘng-ajĂȘng tiyang ngirim sajen tuwin slamĂȘtanipun, ing tĂȘmbe tilar mujijat rakhmat nyukani kiyamat dhatĂȘng anak putunipun ingkang kantun. Tiyang pĂȘjah botĂȘn kĂȘbawah pranataning Ratu ing lair, sampun mĂȘsthi sukma pisah kaliyan budi, manawi tekadipun sae inggih nampeni kamulyan, nanging manawi tekadipun awon inggih nampeni siksanipun. Cobi paduka-jawab atur-kula punika”.
Sang Prabu ngandika: “Mulih marang asale, asal Nur bali marang Nur”.
Sabdapalon matur maneh: “Inggih punika kawruhipun tiyang bingung gĂȘsangipun rugi, botĂȘn gadhah kawruh kaengĂȘtan, dereng nĂȘdha woh kawruh lan budi, asal siji mantuk satunggal, punika sanes pĂȘjah ingkang utami, dene pĂȘjah ingkang utami punika sewu satus tĂȘlung puluh. TĂȘgĂȘsipun satus punika putus, tĂȘlu punika tilas, puluh punika pulih, wujud malih, wujudipun risak, nanging ingkang risak namung ingkang asal saking roh idlafi. Uripipun langgĂȘng namung raga pisah kaliyan sukma, inggih punika sahadat ingkang botĂȘn mawi ashadu, gantos roh idlafi lapisan: sasi surup mĂȘsthi saking pundi asalipun wiwit dados jalmi. Surup tĂȘgĂȘsipun: sumurup purwa madya wasananipun, nĂȘtĂȘpana namane tiyang lumampah, sampun ebah saking prĂȘnahipun mlĂȘbĂȘt mbĂȘkta sir cipta lami”.
Sang Prabu ngandika: “Ciptaku nempel wong kang luwih”. Sabdapalon matur: “Punika tiyang kĂȘsasar, kados dene kĂȘmladeyan tumemplek wit-witan agĂȘng, botĂȘn bawa piyambak, kamuktenipun namung nĂȘmpil. Punika botĂȘn pĂȘjah utami, pĂȘjahipun tiyang nistha, rĂȘmĂȘnipun namung nempel, nunut-nunut, botĂȘn bawa piyambak, manawi dipuntundhung, lajĂȘng klambrangan, dados brĂȘkasakan, lajĂȘng nempel dhatĂȘng sanesipun malih”.
Sang Prabu ngandika maneh: “Asal suwung aku bali, mĂȘnyang suwung, nalika aku durung maujud iya durung ana apa-apa, dadi patiku iya mangkono”.
Sabdapalon: “Punika pĂȘjahipun tiyang kalap nglawong, botĂȘn iman ‘ilmi, nalika gĂȘsangipun kados kewan, namung nĂȘdha ngombe lan tilĂȘm, makatĂȘn punika namung sagĂȘd lĂȘma sugih daging, dados nama sampun narimah ngombe uyuh kemawon, ical gĂȘsangipun salĂȘbĂȘtipun pĂȘjah”.
Sang Prabu: “Aku nunggoni makaman kubur, yen wis luluh dadi lĂȘbu”.
Sabdapalon: “Inggih punika pĂȘjahipun tiyang cubluk, dados setan kuburan, nĂȘnggani daging wontĂȘn kuburan, daging ingkang sampun luluh dados siti, botĂȘn mangrĂȘtos santun roh hidlafi enggal. Inggih punika tiyang bodho mangrĂȘtosa. Nun!”
Sang Prabu ngandika: “Aku arĂȘp muksa saragaku”.
Sabdapalon gumuyu: “Yen tiyang agami Rasul tĂȘrang botĂȘn sagĂȘd muksa, botĂȘn kuwawi ngringkĂȘs nguntal raganipun, lĂȘma kakathahĂȘn daging. Tiyang pĂȘjah muksa punika cĂȘlaka, amargi nami pĂȘjah, nanging botĂȘn tilar jisim, namanipun botĂȘn sahadat, botĂȘn pĂȘjah, botĂȘn gĂȘsang, botĂȘn sagĂȘd dados roh idlafi enggal, namung dados gunungan dhĂȘmit”.
Pangandikane Sang Prabu: “Aku ora duwe cipta apa-apa, ora ikhtiar nampik milih, sakarsane Kang Maha Kuwasa”.
Sabdapalon: “Paduka nilar sipat, botĂȘn ngrumaosi yen tinitah linangkung, nilar wajibing manusa, manusa dipunwĂȘnangakĂȘn nampik milih, manawi sampun narimah dados sela, sampun botĂȘn prĂȘlu pados ‘ilmi kamulyaning seda”.
Sang Prabu: “Ciptaku arĂȘp mulih mĂȘnyang akhirat, munggah swarga seba Kang maha Kuwasa”.
Sabdapalon matur: “Akhirat, swarga, sampun paduka-bĂȘkta ngaler ngidul, jagadipun manusa punika sampun mĂȘngku ‘alam sahir kabir, nalika tapĂȘl Adam, sampun pĂȘpak: akhirat, swarga, naraka ‘arasy kursi. Paduka badhe tindak dhatĂȘng akhirat pundi, mangke manawi kĂȘsasar lo, mangka ĂȘnggene akhirat punika tĂȘgĂȘse mlarat, saĂȘnggen- ĂȘnggen wontĂȘn akhirat, manawi kenging kula-singkiri, sampun ngantos kula mantuk dhatĂȘng kamlaratan sarta minggah dhatĂȘng akhirat adil nagari, manawi lĂȘpat jawabipun tamtu dipunukum, dipunbanda, dipunpaksa nyambut damĂȘl awrat tur botĂȘn tampa arta. KlĂȘbĂȘt akhirat nusa SrĂȘnggi, nusa tĂȘgĂȘsipun manusa, SrĂȘng tĂȘgĂȘsipun padamĂȘlan ingkang awrat sangĂȘt. Ănggi tĂȘgĂȘsipun gawe. Dados tĂȘgĂȘsipun jalma pinĂȘksa nyambut damĂȘl dhatĂȘng Ratu Nusa SrĂȘnggi namanipun, punapa botĂȘn cilaka, tiyang gĂȘsang wontĂȘn ing dunya kados makatĂȘn wau, sakulawargane mung nadhah bĂȘras sapithi, tanpa ulam, sambĂȘl, jangan punika akhirat ingkang katingal tata lair, manawi akhiratipun tiyang pĂȘjah malah langkung saking punika, paduka sampun ngantos kondur dhatĂȘng akhirat, sampun ngantos minggah dhatĂȘng swarga, mindhak kĂȘsasar, kathah rajakaya ingkang wontĂȘn ing ngriku, sadaya sami trima tilĂȘm kĂȘmul siti, gĂȘsangipun nyambut damĂȘl kanthi paksan, botĂȘn salah dipunpragat, paduka sampun ngantos sowan Gusti Allah, amargi Gusti Allah punika botĂȘn kantha botĂȘn warna, wujudipun amung asma, nglimputi wontĂȘn ing dunya tuwin ing akhirat, paduka dereng tĂȘpang, tĂȘpangipun amung tĂȘpang kados cahyanipun lintang lan rĂȘmbulan, kapanggihe cahya murub dados satunggal, botĂȘn pisah botĂȘn kumpul, tĂȘbihipun botĂȘn mawi wangĂȘnan, cĂȘlak botĂȘn panggihan, kula botĂȘn kuwawi cĂȘlak, punapa malih paduka, KangjĂȘng Nabi Musa toh botĂȘn kuwawi mandĂȘng dhatĂȘng Gusti Allah, mila Allah botĂȘn katingal, namung Dzatipun ingkang nglimputi sadaya wujud, paduka wiji rohani, sanes bangsanipun malaekat, manusa raganipun asal saking nutfah, sowan Hyang Latawalhujwa, manawi panggenanipun sampun sĂȘpuh, nyuwun ingkang enggal, dados botĂȘn wongsal-wangsul, ingkang dipunwastani pĂȘjah gĂȘsang, ingkang gĂȘsang napasipun taksih lumampah, tĂȘgĂȘsipun urip, ingkang tĂȘtĂȘp langgĂȘng, botĂȘn ewah botĂȘn gingsir, ingkang pĂȘjah namung raganipun, botĂȘn ngraosakĂȘn kanikmatan, pramila tumrap tiyang agami Buddha, manawi raganipun sampun sĂȘpuh, suksmanipun mĂȘdal nyuwun gantos ingkang sae, nglangkungi ingkang sampun sĂȘpuh, nutfah sampun ngantos ebah saking jagadipun, jagadipun manusa punika langgĂȘng, botĂȘn ewah gingsir, ingkang ewah punika makaming raos, raga wadhag ingkang asal roh idlafi.
Prabu Brawijaya botĂȘn anem botĂȘn sĂȘpuh, nanging langgĂȘng manggen wontĂȘn satĂȘngahipun jagadipun, lumampah botĂȘn ebah saking panggenanipun, wontĂȘn salĂȘbĂȘting guwa sir cipta kang ĂȘning. GawanĂȘn gĂȘgawanmu, ngGĂȘgawa nĂȘdha raga. Tulis ical, etangan gunggunge: kumpul, plĂȘsatipun wĂȘtaha. Ningali jantung kĂȘtĂȘg kiwa: surut marga sire cipta, jujugipun ingkang cĂȘtha cĂȘthik cĂȘthak. Punika pungkasanipun kawruh, kawruhipun tiyang Buddha. LĂȘbĂȘtipun roh saking cĂȘthak marginipun, kendĂȘl malih wontĂȘn cĂȘthik, mĂȘdal wontĂȘn kalamwadi, kentir sagara rahmat lajĂȘng lumĂȘbĂȘt ing guwa indra-kilaning estri, tibaning nikmat ing dhasaring bumi rahmat, wontĂȘn ing ngriku ki budi jasa kadhaton baitu’llah ingkang mulya, dadosipun saking sabda kun, dados wontĂȘn tĂȘngahing jagad swarganing tiyang sĂȘpuh estri, mila jalma keblatipun wontĂȘn tĂȘngahing jagad, jagading tiyang punika guwa sir cipta namanipun, dipunbĂȘkta dhatĂȘng pundi- pundi botĂȘn ewah, umuripun sampun dipunpasthekakĂȘn, botĂȘn sagĂȘd ewah gingsir, sampun dipunsĂȘrat wontĂȘn lokhil-makful, bĂȘgja cilakanipun gumantung wontĂȘn ing budi nalar lan kawruhipun, ingkang ical utawi kirang ikhtiaripun inggih badhe ical utawi kirang bĂȘgjanipun. Wiwitanipun keblat sakawan, inggih punika wetan kilen kidul ler : tĂȘgĂȘsipun wetan : wiwitan manusa maujud; tĂȘgĂȘsipun kulon : bapa kĂȘlonan; tĂȘgĂȘsipun kidul : estri didudul wĂȘtĂȘnge ing tĂȘngah; tĂȘgĂȘsipun lor : laire jabang bayi, tanggal sapisan kapurnaman, sĂȘnteg sapisan tĂȘnunan sampun nigasi. TĂȘgĂȘsipun pur: jumbuh, na; ana wujud, ma; madhĂȘp dhatĂȘng wujud; jumbuh punika tĂȘgĂȘsipun pĂȘpak, sarwa wontĂȘn, mĂȘngku alam sahir kabir, tanggalipun manusa, lairipun saking tiyang sĂȘpuhipun estri, sarĂȘng tanggalipun kaliyan sadherekipun kakang mbarĂȘp adhi ragil, kakang mbarĂȘp punika kawah, adhi punika ari-ari, sadherek ingkang sarĂȘng tanggal gaibipun, rumĂȘksa gĂȘsangipun elingipun panjanmaning surya, lĂȘnggah rupa cahya, kontĂȘning eling sadayanipun, siyang dalu sampun sumĂȘlang dhatĂȘng sadaya rĂȘrupen, ingkang engĂȘt sadayanipun, surup lan tanggalipun sampun samar : kala rumiyin, sapunika lan benjing, punika kawruhipun tiyang Jawi ingkang agami Buddha. Raga punika dipunibaratakĂȘn baita, dene suksmanipun inggih punika tiyang ingkang wontĂȘn ing baita wau, ingkang nĂȘdahakĂȘn pandomipun, manawi baitanipun lumampah mangka salah pandomipun, tamtu manggih cilaka, baita pĂȘcah, tiyangipun rĂȘbah. Pramila kĂȘdah ingkang mapan, mumpung baitanipun taksih lumampah, manawi botĂȘn mapan gĂȘsangipun, pĂȘjah malih sagĂȘda mapan, nĂȘtĂȘpi kamanusanipun, manawi baitanipun bibrah, inggih pisah kaliyan tiyangipun; tĂȘgĂȘsipun suksma ugi pisah kaliyan budi, punika namanipun sahadat, pisahipun kawula kaliyan Gusti, sah tĂȘgĂȘsipun pisah, dat punika Dzating Gusti, manawi sampun pisah raga suksma, budinipun lajĂȘng santun baitu’llah, napas tali, muji dhatĂȘng Gusti, manawi pisaha raga suksma lan budi, mrĂȘtitis ingkang botĂȘn-botĂȘn, yen tunggal, kabĂȘsaran, tanggalipun botĂȘn surup salaminipun, punika kĂȘdah ingkang waspada, ngengĂȘtana dhatĂȘng asaling kawula, kawula ugi wajib utawi wĂȘnang matur dhatĂȘng Gusti, nyuwun baitu’llah ingkang enggal, ngungkulana ingkang lami. Raganing manusa punika namanipun baitu’llah, inggih prau gaweyaning Allah, dadosipun saking sabda kun, manawi baitanipun tiyang Jawi sagĂȘd mapan santun baitu’llah malih ingkang sae, baitanipun tiyang Islam gĂȘsangipun kantun pangrasa, praunipun sampun rĂȘmuk, manawi suksma punika pĂȘjah ing ‘alam dunya suwung, botĂȘn wontĂȘn tiyang, manawi tiyang punika tĂȘrus gĂȘsang, ing dunya kĂȘbak manusa, lampahipun saking ĂȘnem urut sĂȘpuh, ngantos roh lapisan, sanadyan suksmanipun tiyang, nanging manawi tekadipun nasar, pĂȘjahipun manjalma dados kuwuk, sanadyan suksmanipun kewan, nanging sagĂȘd manjalma dados tiyang (kajĂȘngipun, adiling Kawasa tiyang punika pinasthi ngundhuh wohing panggawene piyambak-piyambak). Nalika panjĂȘnĂȘnganipun Bathara Wisnu jumĂȘnĂȘng Nata wontĂȘn ing MĂȘndhang Kasapta, sato wana tuwin lĂȘlĂȘmbut dipuncipta dados manusa, dados wadya-balanipun Sang Nata. Nalika eyang paduka Prabu Palasara iyasa kadhaton wontĂȘn ing Gajahoya, sato wana tuwin lĂȘlĂȘmbut inggih dipuncipta dados tiyang, pramila gandanipun tiyang satunggal-satunggalipun beda-beda, gandanipun kadosdene nalika taksih dados sato kewan. SĂȘrat tapak Hyang, ingkang dipunwastani Sastrajendrayuningrat, dados saking sabda kun, ingkang dipunwastani jithok tĂȘgĂȘsipun namung puji thok. Dewa ingkang damĂȘl cahya murub nyrambahi badan, tĂȘgĂȘsipun incĂȘngĂȘn aneng cĂȘngĂȘlmu. Jiling punika puji eling marang Gusti. Punuk tĂȘgĂȘsipun panakna. Timbangan tĂȘgĂȘsipun salang. Pundhak punika panduk, urip wontĂȘn ing ‘alam dunya pados kawruh kaliyan woh kuldi, manawi angsal woh kuldi kathah, untungipun sugih daging, yen angsal woh kawruh kathah, kenging kangge sangu gĂȘsang, gĂȘsang langgĂȘng ingkang botĂȘn sagĂȘd pĂȘjah. TĂȘpak tĂȘgĂȘsipun tĂȘpa-tapanira. Walikat: walikane gĂȘsang. Ula-ula: ulatana, lalarĂȘn gĂȘgĂȘrmu sing nggligir. Sungsum tĂȘgĂȘsipun sungsungĂȘn. Lambung: waktu Dewa nyambung umur, alamipun jalma sambungan, lali eling urip mati. LĂȘmpeng kiwa tĂȘngĂȘn tĂȘgĂȘsipun tekadmu sing lĂȘmpĂȘng lair batin, purwa bĂȘnĂȘr lawan luput, bĂȘcik lawan ala. Mata tĂȘgĂȘsipun tingalana batin siji, sing bĂȘnĂȘr keblatira, keblat lor bĂȘnĂȘr siji. TĂȘngĂȘn tĂȘgĂȘsipun tĂȘngĂȘnĂȘn ingkang tĂȘrang, wontĂȘn ing dunya amung sadarmi ngangge raga, botĂȘn damĂȘl botĂȘn tumbas. Kiwa tĂȘgĂȘsipun: raga iki isi hawa kĂȘkajĂȘngan, botĂȘn wĂȘnang ngĂȘkahi pĂȘjah. MakatĂȘn punika ungĂȘling sĂȘrat. Manawi paduka maibĂȘn, sintĂȘn ingkang damĂȘl raga? SintĂȘn ingkang paring nama? inggih namung Latawalhujwa, manawi paduka maibĂȘn, paduka tĂȘtĂȘp kapir, kapiran seda paduka, botĂȘn pitados dhatĂȘng sĂȘratipun Gusti, sarta murtat dhatĂȘng lĂȘluhur Jawi sadaya, nempel tosan, kajĂȘng sela, dados dhĂȘmit tĂȘngga siti, manawi paduka botĂȘn sagĂȘd maos sastra ingkang wontĂȘn ing badanipun manusa, saseda paduka manjalma dhatĂȘng kuwuk, dene manawi sagĂȘd sagĂȘd maos sastra ingkang wontĂȘn ing raga wau, saking tiyang inggih dados tiyang, kasĂȘbut ing sĂȘrat Anbiya, KanjĂȘng Nabi Musa kala rumiyin tiyang ingkang pĂȘjah wontĂȘn ing kubur, lajĂȘng tangi malih, gĂȘsangipun gantos roh lapis enggal, gantos makam enggal. Manawi paduka ngrasuk agami Islam, tiyang Jawi tamtu lajĂȘng Islam sadaya. Manawi kula, wadhag alus-kula sampun kula-cakup lan kula-carub, sampun jumbuh dados satunggal, inggih nglĂȘbĂȘt inggih jawi, dados kantun sasĂȘdya-kula kemawon, ngadam utawi wujud sagĂȘd sami sanalika, manawi kula kĂȘpengin badhe wujud, inggih punika wujud-kula, sĂȘdya ngadam, inggih sagĂȘd ical sami sanalika, yen sĂȘdya maujud sagĂȘd katingal sanalika. Raga-kawula punika sipating Dewa, badan-kawula sakojur gadhah nama piyambak-piyambak. Cobi paduka-dumuk: pundi wujudipun Sabdapalon, sampun kalingan pajar, saking pajaripun ngantos sampun botĂȘn katingal wujudipun Sabdapalon, kantun asma nglimputi badan, botĂȘn ĂȘnem botĂȘn sĂȘpuh, botĂȘn pĂȘjah botĂȘn gĂȘsang, gĂȘsangipun nglimputi salĂȘbĂȘting pĂȘjahipun, dene pĂȘjahipun nglimputi salĂȘbĂȘting gĂȘsangipun, langgĂȘng salaminipun”.
Sang Prabu ndangu: “Ana ing ngĂȘndi Pangeran Kang Sajati?”
Sabdapalon matur: “BotĂȘn tĂȘbih botĂȘn cĂȘlak, paduka wayangipun wujud sipating suksma, dipunanggĂȘp sarira tunggal, budi hawa badan, tiga-tiga punika tumindakipun; botĂȘn pisah, nanging inggih botĂȘn kumpul. Paduka punika sampun Ratu linuhung tamtu botĂȘn badhe kĂȘkilapan dhatĂȘng atur-kula punika”.
Sang Prabu ngandika maneh: “Apa kowe ora manut agama?”
Sabdapalon ature sĂȘndhu: “Manut agami lami, dhatĂȘng agami enggal botĂȘn manut! Kenging punapa paduka gantos agami tĂȘka botĂȘn nantun kula, paduka punapa kĂȘkilapan dhatĂȘng nama kula Sabdapalon? Sabda tĂȘgĂȘsipun pamuwus, Palon: pikukuh kandhang. Naya tĂȘgĂȘsipun ulat, Genggong: langgĂȘng botĂȘn ewah. Dados wicantĂȘn-kula punika, kenging kangge pikĂȘkah ulat pasĂȘmoning tanah Jawi, langgĂȘng salaminipun.”
Sang Prabu ngandika: “Kapriye iki, aku wis kĂȘbacut mlĂȘbu agama Islam, wis disĂȘkseni Sahid, aku ora kĂȘna bali agama Buddha maneh, aku wirang yen digĂȘguyu bumi langit.”
Sabdapalon matur maneh: “Inggih sampun, lakar paduka-lampahi piyambak, kula botĂȘn tumut-tumut.” Sunan Kalijaga banjur matur marang Sang Prabu, kang surasane ora prĂȘlu manggalih kang akeh-akeh, amarga agama Islam iku mulya bangĂȘt, sarta matur yen arĂȘp nyipta banyu kang ana ing beji, prĂȘlu kanggo tandha yĂȘkti, kapriye mungguh ing gandane. Yen banyu dicipta bisa ngganda wangi, iku tandha yen Sang Prabu wis mantĂȘp marang agama Rasul, nanging yen gandane ora wangi, iku anandhakake: yen Sang Prabu isih panggalih Buddha. Sunan Kalijaga banjur nyipta, padha sanalika banyu sĂȘndhang banjur dadi wangi gandane, ing kono Sunan kalijaga matur marang Sang Prabu, kaya kang wis kathandha, yen Sang Prabu nyata wis mantĂȘp marang agama Rasul, amarga banyu sĂȘndhang gandane wangi. (11)
Ature Sabdapalon marang Sang Prabu: Punika kasĂȘkten punapa? kasĂȘktening uyuh kula wingi sontĂȘn, dipunpamerakĂȘn dhatĂȘng kula. Manawi kula timbangana nama kapilare, mĂȘngsah uyuh-kula piyambak, ingkang kula rĂȘbat punika? Paduka sampun kĂȘlajĂȘng kĂȘlorob, karsa dados jawan, irib-iriban, rĂȘmĂȘn manut nunut-nunut, tanpa guna kula ĂȘmong, kula wirang dhatĂȘng bumi langit, wirang momong tiyang cabluk, kula badhe pados momongan ingkang mripat satunggal, botĂȘn rĂȘmĂȘn momong paduka. Manawi kula sumĂȘdya ngĂȘdalakĂȘn kaprawiran, toya kula-ĂȘntut sĂȘpisan kemawon, sampun dados wangi. Manawi paduka botĂȘn pitados, kang kasĂȘbut ing pikĂȘkah Jawi, nama Manik Maya, punika kula, ingkang jasa kawah wedang sanginggiling rĂȘdi rĂȘdi Mahmeru punika sadaya kula, adi Guru namung ngideni kemawon, ing wĂȘkdal samantĂȘn tanah Jawi sitinipun gonjang-ganjing, saking agĂȘnging latu ingkang wontĂȘn ing ngandhap siti, rĂȘdi-rĂȘdi sami kula ĂȘntuti, pucakipun lajĂȘng anjĂȘmblong, latunipun kathah ingkang mĂȘdal, mila tanah Jawi lajĂȘng botĂȘn goyang, mila rĂȘdi-rĂȘdi ingkang inggil pucakipun, sami mĂȘdal latunipun sarta lajĂȘng wontĂȘn kawahipun, isi wedang lan toya tawa, punika inggih kula ingkang damĂȘl, sadaya wau atas karsanipun Latawalhujwa, ingkang damĂȘl bumi lan langit. Punapa cacadipun agami Buddha, tiyang sagĂȘd matur piyambak dhatĂȘng Ingkang Maha Kuwasa. Paduka yĂȘktos, manawi sampun santun agami Islam, nilar agami Buddha, turun paduka tamtu apĂȘs, Jawi kantun jawan, Jawinipun ical, rĂȘmĂȘn nunut bangsa sanes. Benjing tamtu dipunprentah dening tiyang Jawi ingkang mangrĂȘti.
Cobi paduka-yĂȘktosi, benjing: sasi murub botĂȘn tanggal, wiji bungkĂȘr botĂȘn thukul, dipuntampik dening Dewa, tinanĂȘma thukul mriyi, namung kangge tĂȘdha pĂȘksi, mriyi punika pantun kados kĂȘtos, amargi paduka ingkang lĂȘpat, rĂȘmĂȘn nĂȘmbah sela. Paduka-yĂȘktosi, benjing tanah Jawa ewah hawanipun, wĂȘwah bĂȘnter awis jawah, suda asilipun siti, kathah tiyang rĂȘmĂȘn dora, kĂȘndĂȘl tindak nistha tuwin rĂȘmĂȘn supata, jawah salah masa, damĂȘl bingungipun kanca tani. Wiwit dintĂȘn punika jawahipun sampun suda, amargi kukuminipun manusa anggenipun sami gantos agami. Benjing yen sampun mrĂȘtobat, sami engĂȘt dhatĂȘng agami Buddha malih, lan sami purun nĂȘdha woh kawruh, Dewa lajĂȘng paring pangapura, sagĂȘd wangsul kados jaman Buddha jawahipun”.
Sang Prabu mirĂȘng ature Sabdapalon, ing batos rumaos kaduwung bangĂȘt dene ngrasuk agama Islam, nilar agama Buddha. Nganti suwe ora ngandika, wasana banjur ngandika, amratelakake yen ĂȘnggone mlĂȘbĂȘt agama Islam iku, amarga kĂȘpencut ature putri CĂȘmpa, kang ngaturake yen wong agama Islam iku, jarene besuk yen mati, antuk swarga kang ngungkuli swargane wong kapir.
Sabdapalon matur, angaturake lĂȘpiyan, yen wiwit jaman kuna mula, yen wong lanang manut wong wadon, mĂȘsthi nĂȘmu sangsara, amarga wong wadon iku utamane kanggo wadhah, ora wĂȘnang miwiti karĂȘp, Sabdapalon akeh-akeh ĂȘnggone nutuh marang Sang Prabu.
Sang Prabu ngandika: “Kok-tutuha iya tanpa gawe, amarga barang wis kĂȘbacut, saiki mung kowe kang tak-tari, kapriye kang dadi kĂȘkĂȘncĂȘnganing tekadmu? Yen aku mono ĂȘnggonku mlĂȘbu agama Islam, wis disĂȘkseni dening si Sahid, wis ora bisa bali mĂȘnyang Buddha mĂȘneh”.
Sabdapalon matur yen arĂȘp misah, barĂȘng didangu lungane mĂȘnyang ngĂȘndi, ature ora lunga, nanging ora manggon ing kono, mung nĂȘtĂȘpi jĂȘnĂȘnge SĂȘmar, nglimputi salire wujud, anglela kalingan padhang. Sang Prabu diaturi ngyĂȘktosi, ing besuk yen ana wong Jawa ajĂȘnĂȘng tuwa, agĂȘgaman kawruh, iya iku sing diĂȘmong Sabdapalon, wong jawan arĂȘp diwulang wĂȘruha marang bĂȘnĂȘr luput.
Sang Prabu karsane arĂȘp ngrangkul Sabdapalon lan Nayagenggong, nanging wong loro mau banjur musna. Sang Prabu ngungun sarta nĂȘnggak waspa, wusana banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: “Ing besuk nagara Blambangan salina jĂȘnĂȘng nagara Banyuwangi, dadiya tĂȘngĂȘr Sabdapalon ĂȘnggone bali marang tanah Jawa anggawa momongane. Dene samĂȘngko Sabdapalon isih nglimput aneng tanah sabrang”. Sunan Kalijaga banjur didhawuhi nĂȘngĂȘri banyu sĂȘndhang, yen gandane mari wangi, besuk wong Jawa padha ninggal agama Islam ganti agama Kawruh.
Sunan Kalijaga banjur jasa bumbung loro kang siji diiseni banyu tawa, sijine diiseni banyu sĂȘndhang. Banyu sĂȘndhang mau kanggo tandha, yen gandane mari wangi, wong tanah Jawa padha salin agama kawruh. Bumbung sawise diiseni banyu, banjur disumpĂȘli godhong pandan-sili, sabanjure digawa sakabate loro.
Sang Prabu Brawijaya banjur tindak didherekake Sunan Kalijaga lan sakabate loro, tindake kawĂȘngen ana ing dalan, nyare ana ing SumbĂȘrwaru, esuke bumbunge dibukak, banyune diambu isih wangi, nuli mbanjurake tindake, wayah surup srĂȘngenge, wis tĂȘkan ing Panarukan. Sang Prabu nyare ana ing kono, ing wayah esuk, banyu ing bumbu diganda isih wangi, Sang Prabu mbanjurake tindake.
BarĂȘng wis wayah surup srĂȘngenge, tĂȘkan ing BĂȘsuki, Sang Prabu uga nyare ana ing kono, esuke banyu ing bumbung diganda mundhak wangine, Sang Prabu banjur nĂȘrusake tindake nganti wayah surup srĂȘngenge, tĂȘkan ing Prabalingga, ana ing kono uga nyare sawĂȘngi, esuke banyune ditiliki, banyune tawa isih enak, nanging munthuk, unthuke gandane arum, nanging mung kari sathithik, amarga kĂȘrĂȘp diunjuk ana ing dalan, dene banyune sĂȘndhang barĂȘng ditiliki gandane dadi bangĂȘr, tumuli dibuwang. Sang Prabu banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: “Prabalingga ing besuk jĂȘnĂȘnge loro, Prabalingga karo BangĂȘrwarih 12 ing kene besuk dadi panggonan kanggo pakumpulane wong-wong kang padha ngudi kawruh kapintĂȘran lan kabatinan, Prabalingga tĂȘgĂȘse prabawane wong Jawa kalingan prabawane tangga”. Sang Prabu mbanjurake tindake, ing pitung dinane, wis tĂȘkan ing Ampelgadhing. Nyai AgĂȘng Ampelgadhing tumuli mĂȘthukake banjur ngabĂȘkti marang Sang Prabu karo muwun, sarta akeh-akeh sĂȘsambate.
Sang Prabu banjur ngandika: “Wis aja nangis ĂȘngger, mupusa yen kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa, kudu mangkene. Aku lan kowe mung sadarma nglakoni, kabeh lĂȘlakon wis ditulis aneng lokhilmakful. BĂȘgja cilaka ora kĂȘna disinggahi, nanging wajibe wong urip kudu kĂȘpengin mĂȘnyang ilmu”.
Nyai AgĂȘng Ampel banjur matur marang Sang Prabu, ngaturake patrape ingkang wayah Prabu Jimbun, kaya kang wis kasĂȘbut ing ngarĂȘp. Sang Prabu banjur dhawuh nimbali Prabu Jimbun. Nyai Ampel nuli utusan mĂȘnyang DĂȘmak nggawa layang, satĂȘkane ing DĂȘmak, layang wis katur marang Sang Prabu Jimbun, ora antara suwe Prabu Jimbun budhal sowan mĂȘnyang Ampel.
Kacarita putra Nata ing Majapahit, kang aran Raden Bondhankajawan ing Tarub, mirĂȘng pawarta yen nagara Majapahit dibĂȘdhah Adipati DĂȘmak, malah Sang Prabu lolos saka jroning pura, ora karuhan mĂȘnyang ngĂȘndi tindake, rumasa ora kapenak panggalihe, banjur tindak marang Majapahit, tindake Raden Bondhankajawan namur kula, nungsung warta ing ngĂȘndi dununge ingkang rama, satĂȘkane Surabaya, mirĂȘng warta yen ingkang rama Sang Prabu tĂȘdhak ing Ampel, nanging banjur gĂȘrah, Raden Bondhankajawan nuli sowan ngabĂȘkti.
Sang Prabu ndangu: “Sing ngabĂȘkti iki sapa?”
Raden Bondhankajawan matur yen panjĂȘnĂȘngane kang ngabĂȘkti.
Sang Prabu banjur ngrangkul ingkang putra, gĂȘrahe Sang Prabu sangsaya mbatĂȘk, ngrumaosi yen wis arĂȘp kondur marang jaman kalanggĂȘngan, pangandikane marang Sunan Kalijaga mangkene: Sahid, nyĂȘdhaka mrene, aku wis arĂȘp mulih marang jaman kalanggĂȘngan, kowe gaweya layang mĂȘnyang PĂȘngging lan Pranaraga, mĂȘngko tak-wenehane tandha asta, wis padha narima rusake MajalĂȘngka, aja padha ngrĂȘbut kapraboningsun, kabeh mau wis karsane Kang Maha Suci, aja padha pĂȘrang, mundhak gawe rudahing jagad, balik padha ngemana rusaking wadya-bala, sebaa marang DĂȘmak, sapungkurku sing padha rukun, sapa sing miwiti ala, tak-suwun marang Kang maha Kuwasa, yudane apĂȘsa.”
Sunan Kalijaga banjur nyĂȘrat, sawise rampung banjur ditapak-astani dening sang Prabu, sabanjure diparingake marang PĂȘngging lan Pranaraga.
Sang Prabu banjur ngandika: “Sahid, sapungkurku kowe sing bisa momong marang anak putuku, aku titip bocah iki, saturun-turune ĂȘmongĂȘn, manawa ana bĂȘgjane, besuk bocah iki kang bisa nurunake lajĂȘre tanah Jawa, lan maneh wĂȘkasku marang kowe, yen aku wis kondur marang jaman kalanggĂȘngan, sarekna ing Majapahit sa-lor-wetane sagaran, dene pasareyaningsun bakal sun-paringi jĂȘnĂȘng Sastrawulan, lan suwurna kang sumare ana ing kono yayi Raja Putri CĂȘmpa, lan maneh wĂȘlingku, besuk anak-putuku aja nganti entuk liya bangsa, aja gawe senapati pĂȘrang wong kang seje bangsa.”
Sunan Kalijaga sawise dipangandikani banjur matur: “Punapa Sang Prabu botĂȘn paring idi dhatĂȘng ingkang putra Prabu Jimbun jumĂȘnĂȘngipun Nata wontĂȘn ing tanah Jawi?”
Sang Prabu ngandika: “Sun-paringi idi, nanging mung mandhĂȘg tĂȘlung turunan.”
Sunan kalijaga nyuwun sumurup mungguh tĂȘgĂȘse araning bakal pasareyane Sang Prabu.
Sang Prabu ngandika: “Sastra tĂȘgĂȘse tulis, Wulan tĂȘgĂȘse damaring jagad, tulise kuburku mung kaya gĂȘbyaring wulan, yen isih ana gĂȘbyaring wulan, ing tĂȘmbe buri, wong Jawa padha wĂȘruh yen sedaku wis ngrasuk agama Islam, mula tak-suwurake Putri CĂȘmpa, amarga aku wis diwadonake si Patah, sarta wis ora dianggĂȘp priya, nganti kaya mangkene siya-siyane marang aku, mulane ĂȘnggonku mangĂȘni madĂȘge Ratu mung tĂȘlung turunan, amarga si Patah iku wiji tĂȘlu, Jawa, Cina lan raksasa, mula kolu marang bapa sarta rusuh tindake, mula wĂȘkasku, anak-putuku aja entuk seje bangsa, amarga sajroning sihsinihan di seje bangsa mau nganggo ngobahake agamane, bisaa ngapĂȘsake urip, mula aku paring piwĂȘling aja gawe senapati pĂȘrang wong kang seje jinis, mundhak ngenthengake Gustine, ing sajroning mangun yuda, banjur mangro tingal, wis Sahid, kabeh pitungkasku, tulisĂȘn.”
Sang Prabu sawise paring pangandika mangkono, astane banjur sidhakĂȘp, tĂȘrus seda, layone banjur disarekake ana ing astana Sastrawulan ing Majapahit, katĂȘlah nganti saprene kocape kang sumare ana ing kono iku Sang Putri CĂȘmpa, dene mungguh satĂȘmĂȘne Putri CĂȘmpa iku sedane ana ing Tuban, dununing pasareyan ana ing Karang Kumuning.
BarĂȘng wis tĂȘlung dina saka sedane Sang Prabu Brawijaya, kacarita Sultan Bintara lagi rawuh ing Ampelgadhing sarta kapanggih Nyai AgĂȘng.